Selasa, 25 Maret 2014

MATERI KARANGAN KELAS VII DAN VIII


1. GAWE KARANGAN
Ngandharake gagasan bisa maneka warna carane, ing antarane kanthi wujud karangan. Kanthi karangan gagasan bisa dingerteni utawa diwaca wong liya.
a.Jinise karangan miturut isine, yaiku ing ngisor iki:
1)Argumentasi, karangan kang ditulis nganggo lelandhesan utawa alesan gumathok supaya wong percaya marang panemu kang diandharake.
2)Deskripsi, karangan kang isine nyritakake apa sing dideleng lan dirungu.
3)Eksposisi, karangan kang nerangake sawijining bab.
4)Narasi, karangan adhedhasar angen-angen (imajinasi/daya khayal), bisa awujud prastawa sing dumadi.
5)Persuasi, karangan kang nerangake sawijining bab kanthi ngayakinake supaya sing maca nindakake kaya apa kang ditulis.
 
. Sing kudu digatekake nalika  gawe karangan antarane ing ngisor iki:
Nemtokake tema
Milih irah-irahan (judul). Judul becike nganggo tembung sing becik, cekak, aos, narik kawigaten sing maca.
Basane sing becik
Ukurane runtut (urut trep lakuning crita), yen ora runtut bisa gawe sing maca bingung, ora ngerti karepe apa isine karangan.
Nulisa sing cetha, ora akeh orek-orekan (tip-x)
Antarane tema, judul, lan isi tansah sesambungan, cocog (jumbuh)
Sadurunge ngarang bisa kanthi gawe cengkorongan (kerangka)
Cengkorongan banjur dimekarake dadi alenia-alenia
Sawise dadi, karangan ditliti maneh

 2. Karangan sing becik
Ana pirang-pirang titikan karangan sing becik, antarane kaya ngisor iki:
ØTrep karo tema utawa topike
ØBasane prasaja, ukurane ora dawa-dawa, ora nglambrang
ØPamilihing tembung pas lan gampang dingerteni
ØUrutan penalarane runtut
ØNyawiji (kabeh andharan nyengkuyung isi/judul/topik)
ØIsine trep karo sing bakal maca karangane

 Nulis
 Carane Nulis Karangan
Yen arep nulis karangan, carane kaya mangkene.
Golek gagasan (topik/ide)
Gawe cengkorongane tulisan
Mekarake tulisan
Nliti lan ndandani tulisan

 a. Golek gagasan/ide 
Upamane ing ngisor iki:
§Panen pari
§Penyuluh pertanian
§Kegiatan sekolah
§Pengalaman pribadi
§Lsp. (lan sapununggale)

b. Gawe cengkorongan/kerangka
  Upamane gagasan sing dipilih bab panen pari, cengkorongane kaya mangkene:
1)Parine wiwit kemuning
2)Manuke akeh
3)Ani-ani ing sekolah
4)Nyelepake gabah
5)Bayar sekolah

c. Mekarake tulisan 
Supaya bisa mekarake tulisan, kudu sugih ngelmune, mula kudu sregep maca. Contone cengkorongan kang wis dimekarake kaya mangkene:
Parine Wiwit Kemuning
         Umure pari wis nyandhak telung sasi. Parine wis wiwit kemuning. Wulenane gedhe-gedhe. Bapak lan simbok sajak seneng atine ndeleng parine lemu-lemu lan wis arep panen jalaran wis padha wiwit kuning. Mula saka iki banyune wiwit dikurangi supaya parine cepet kuning lan uwite kuat ora gampang ambruk amarga kena/kembong banyu. Yen perlu, tengahe swah digawe dalan banyu kanggo ngguwang banyu. Lemahe luwih garing lan parine cepet kemuning, banjur tuwa.

 d. Nliti karangan
Tulisan ing dhuwur ditliti maneh bokmenawa ana sing salah isine, tulisane utawa ditambah/diganti/dikurangi isine.

GLADHEN
GAWEA KARANGAN SING JENISE BISA MILIH DHEWE! BISA UGA ADHEDHASAR BUKU, TULISAN, PANEMUNE WONG LIYA, UTAWA TULISAN LIYANE SING WIS TAU KOK WACA, CRITA WONG LIYA UTAWA PENGALAMANMU SING MENARIK!



1 komentar: