Selasa, 18 Maret 2014

Latihan SOAL UJIAN AKHIR SEKOLAH KELAS IX TIPE B



  1. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d, kang koanggep paling bener!
Wacanen kanthi patitis!
Wedang Jahe
Wayah wengi utawa mbeneri hawa adhem ngombe wedang jahe kuwi mathuk banget. Amarga jae bisa njalari awak dadi anget. Jae kalebu bangsane empon-empon. Diarani empon-empon amarga tanduran kaya dene jae kuwi duwe empu (babon). Tanduran empon-empon racake kena kanggo jamu, kayata; kunir, temulawak, laos, temu giring, kencur lan sapanuggalane.
Jae paedahe tumrap kasarasan akeh baget. Jae kena kanggo ngangetake awak utawa kanggo ngetokake angin, kanggo boreh, nglancarake ilining getih, ngatasi migrain utawa sirah mumet separo, lan kena kanggo ngendhakake radhang sendi lan nyeri otot. Kejaba kuwi, jae uga kena kanggo bumbu pawon.
Gawe wedang jae kuwi gampang. Jae saempu utawa rong empu diklocop banjur diremuk utawa diiris dilebokake ceret lan digeneni nganti umob. Sawise umob dientas lan dicemplungi gula jawa sacukupe. Yen olehe gawe mung sithik, cukup jae saenthik dibakar, diklocop, banjur diremuk, dicemplungake gelas, diwenehi jarang panas lan gula sacukupe. Nanging saiki luwih gampang amarga wis akeh jae instan.
Gawe jae instan ora mbutuhake wragat gedhe. bahan bakune mung cukup jae setengah kilogram, gula pasir 2 kilogram, uyah setengah sendhok makan, lan banyu 4 gelas. Dene pirantine yaiku: wajan, parut, saringan utawa kalo, baskom, sendhok kayu, peso lan kompor.
Carane gawe jae instan, sepisan jae diklocop utawa dionceki. Supaya gampang anggone nglocop, jae dikum luwih dhisik kurang luwih 2 jam. Kaping loro, jae sing wis diklocop utawa dionceki banjur diparut lan diperesi ing kalo, ampase dibuwang. Kaping telu, banyu peresan dicampur gula lan uyah, digeneni ing wajan kanthi geni cilik, lan terus-terusan diudhak nganggo sendhok kayu, sarta ditunggu nganti bisa mringkil. Jae sing wis mringkil-mringkil mau, dialusake banjur diayak.

1.      Apa irah-irahan wacan ing dhuwur?
  1. Empon-empon
  2. Wedang uwuh
  3. Wedang jae
  4. Jahe instan

2.      Genea jae kalebu empon-empon?
  1. Amarga jae gawe awak sehat
  2. Amarga jae kuwi bisa digawe instan
  3. Amarga tanduran kaya dene jae kuwi duwe empu (babon)
  4. Amarga jae kudu dionceki dhisik
3.      Gawe jae instan, jae kudu dikum luwih dhisik pirang jam?
  1. 2
  2. 3
  3. 4
  4. 5
4.      Apa manfaate jae? Kajaba…
  1. kanggo ngangetake awak utawa kanggo ngetokake angin,
  2. Kanggo boreh, nglancarake ilining getih,
  3. Ngatasi migrain utawa sirah mumet separo
  4. Kanggo obat lara untu.
5.      Piranti apa wae sing dibutuhake kanggo gawe wedang jae? Kajaba..
  1.  wajan, parut, saringan utawa kalo,
  2. baskom, sendhok kayu,
  3.  peso lan kompor.
  4. Blender
6.      Banjir bisa dumadi saka ketledorane manungsa dewe. Salah sawijining ketledoran sing bisa njalari banjir yaiku………..
  1. Reboisasi
  2. Mbangun wadhuk
  3. Mbangun perumahan ana ing endi-endi
  4. Gawe ilen-ilenan
7.      Pak Farad dereng…………saking sekolahan.
  1. Bali
  2. Kundur
  3. Mantuk
  4. Wangsul
8.      Pak kula badhe…………………………, asmanipun bapak menika sinten?
  1. Takon
  2. Tanglet
  3. Mundhut pirsa
  4. Nyuwun pirsa
9.       Kalih welas ditambah tiga welas yaiku……..
  1. Kalih dasa
  2. Selangkung
  3. Tiga likur
  4. kalih likur
10.  Tigang dasa dijupuk sewelas yaiku………..
  1. Sedasa
  2. Gangsal welas
  3. Tiga welas
  4. sangalas
11.  Sesok esuk aku meh lunga nang omahe pakdhe. Ukara kuwi yen dikramake yaiku….
  1. Benjang esuk kula badhe kesah wonten dalemipun pakdhe
  2. Benjang enjing kula badhe kesah wonten dalemipun pakde
  3. Benjang enjing kula badhe tindakan wonten dalemipun pakdhe
  4. Benjang enjing kula meh lunga wonten omahipun pakdhe.
12.  Omah, pekarangan, sawah, pategalan padha kelem. Tembung omah dasanamane antarane yaiku…..
  1. Baskara
  2. Kartika
  3. Wisma
  4. Tirta
13.  Baskarane wes mletehek, ayo pada enggal adus! Tembung baskara dasanamane( Sinonim) yaiku…
  1. Srengenge
  2. Lintang
  3. Banyu
  4. Sardula
14.  tritukuujfh   diwaca yaiku……….
a.       Tari tuku beras
b.      Tari tuku jadah
c.       Suci tuku uyah
d.      Nari tuku jadah
15.  Alas bisa kanggo tandhon banyu utawa tuk. Tuk yaiku…..
  1. Miline banyu saka gunung
  2. Tandhon banyu saka gunung
  3. Sumber banyu ing sajroning lemah

Wacanen kanthi patitis!
Bebuden
Bebuden luhur iku dudu pangkat
Dudu ngelmu lan dudu kapinteran
Kang diarani bebuden luhur iku sucining ati
Manungsa urip iku kudu juur lan prasaja
Gotong royong iku sanguine urip bebrayan
Tumandang bareng supaya cepet rampung
Dadi wong kuwi ora kena umuk lan gumedhe
Srawung kudu grapyak sumanak lan lembah manah
Tindak-tanduke kudu sing jujur, sopan lan ngajeni
Karo wong tuwa kudu basa krama sing apik
Manawa ana wong lungguh aja ngadeg nganyur ana cedhake
Kurmat marang guru, tresna karo para kanca
Ngajeni marang wong liya kuwi bakal ngundhuh kabecikan
Urip lan srawung iku kudu rumake, sopan lan rukun

B.     Rampungna ukara ing ngisor  iki kaya wacan ing dhuwur!  (selesaikan kalimat dibawah ini seperti bacaan diatas)
1.      Kang aran bebuden luhur iku…………………
2.      Manungsa urip iku kudu seneneng………….
3.      Gotong royomg iku sangune………….
4.      Tumandang bareng supaya cepet…………….
5.      Dadi wong kuwi ora kena umuk lan……………..
6.      Tindak tanduke kudu sing jujur, sopan lan………………….
7.      Karo wong tuwa kudu basa………….
8.      Menawa ana wong lungguh aja………………..
9.      Kurmat marang guru, tresna karo para…………….
10.  Ngajeni marang wong liya kuwi bakal ngundhuh………………..






Raden Gathutkaca
Raden Gathutkaca nalika isih cilik jenenge Raden Tetuka.
Bapake asma Raden Werkudara
Ibune asma Dewi Arimbi
Raden Tetuka disilih Bathara NArada digawa menyang Kayangan
Kayangan diserang patih Sekipu saka Trebelasuket
Patih Sekipu diutusPrabu Kala Pracona nglamar Bathari Supraba
Raden Tetuka diedu karo Patih Sekipu
Anehe, senajan isih bayi Raden Tetuka ora kalah
Raden Tetuka malah saya ampuh
Patih Sekipu mati dicokot dening Raden Tetuka
Para Dewa seneng banget
Raden Tetuka diparingi pusaka wujud caping, klambi lan terompah.
Wiwit iku jenenge diganti dadi Raden Gathutkaca
Gathutkaca nduweni “otot kawat, balung wesi, kulit tembaga”.

C.    Wangsulana pitakon-pitakon iki!
1.      Raden Gathutkaca  iku putrane sapa karo sapa?
2.      Sapa asmane Raden Gathutkaca nalika isih bayi?
3.      Nalika isih bayi Raden Gathutkaca disilih sapa?
4.      Raden Gathutkaca disilih menyang kayangan didhawuhi apa?
5.      Pusaka apa kang diwenehake marang Raden Gathutkaca?




Latihan SOAL UJIAN AKHIR SEKOLAH KELAS IX TIPE A

A. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d, kang koanggep paling bener!
Wacanen kang patitis!
Wacana kanggo jawab nomor 1-6
Pengetan Dina Pahlawan
       Upacara dina Pahlawan tanggal 10 Nopember ing SMP Tunas Mulia tahun iki-katon seje yen dibandingake karo upacara-upacara tahun kepungkur bapak/ibu guru seragam biasa (PSH), nanging dina iki ana bapak/ibu guru ngagem seragam kepahlawanan. Mengagem kaya mangkono mau ditindakake amarga kanggo ngeling-eling perjuwangane arek-arek Surabaya, ngusir para penjajah kang nedya bali ngebroki tanah wutah getihku Indonesia.
       Ing kalodhangan upacara iki, kepala sekolah, ngelingake marang muride, supaya aja wedi kangelan ningkatake sinaune, kang tembe bisa ngisi negara ndonesia kanthi bab sing positif, cundhuk karo cita-citane para pahlawan. Yen jaman biyen, jaman perjuangan ngangkat bedhil bambu runcing lan liya-liyane saperlu ngusir penjajah, saiki seje kang di usir yaiku kebodhohan, kemiskinan,pengangguran lan isih akeh maneh. Aja nganti generasi penerus kaelu ing jaman, umpamane ngonsumsi narkoba, melu group/ gang, lan tumindak sing dilarang agama.
       Kepala sekolah ngelingake supaya bombong karo produk Indonesia, apa iku sandhang, pangan lan budaya. Bocah saiki luwih seneng panganan kang sarwa luar negeri, umpane KFC, hotdog, Pizza, lan sakpanunggale. Yen bocah-bocah disuguhi disuguhi pohong karo telo ora payu, ora ipangan malah dianggo sawat-sawatan. Kepala sekolah nate study banding ing Bejing Cina, nalika tindak restoran apa sing disuguhake? Dudu hamburger, dudu masakan Cina nanging panganan asli Indonesia pohong diwenehi santen, iku mono salepek regane ngancik 15.000 rupiah, woh-wohane tibake kesemek impor saka Malang Indonesia. Coba yen krungu crita ngene iki apa sirah ora ngelu?


1.  Sapa sing ngagem seragam kepahlawan nalika upacara Dina pahlawan?
a.  bapak/ ibu guru
b.  kepala sekolah

c.  murid-murid
d. sedaya warga SMP Tunas Mulia



2.  Apa sebabe bapak/ibu guru ngagem seragam kepahlawanan?
a.  upacara dina pahlawan kanggo ngusir para penjajah
b.  upacara dina pahlawan kanggo ngeling-eling perjuwangane arek-arek Surabaya

c.  kanggo ngusir para penjajah
d. kanggo ngeling-eling perjuwangane arek-arek Surabaya
3.  Intisari paragraph siji, yaiku ……….............
a.  Perjuwangane arek-arek Surabaya dipengeti minangka Dina Pahlawan
b.  Upacara dina Pahlawan wektu iki nganggo seragam kepahlawanan

c.  SMP Tunas Mulia nganakake upacara Dina Pahlawan
d. Penjajah nedya bali ngebroki Indonesia
4.  Kepala sekolah ngelingake marang murid aja nganti kaelu ing jaman. Tembung kaelu tegese..
a.  Katut
b.  Ketinggalan

c.  nututi
d. maju
5.  Apa kang dielingke marang kepala sekolah marang para siswa?
a.  Seneng mangan KFC, Hotdog, lan pizza
b.  Yen disuguhi pohong dinggo sawat-sawatan

c.  Sandhangan apik saka luar negeri
d. Bombong karo produk Indonesia
6.  Ing ngisor iki perjuangan para mudha ing jaman saiki, kejaba .................
a.    Minangka siswa anggone ngisi kamardikan kanthi sinau mempeng
b.    Melu organisasi mudha ing sekolah/masyarakat

c.    Melu dadi relawan mbiyantu wong sing kesusahan
d. Melu para mudha seneng ugal-ugalan

Wacana Kanggo jawab nomor 7-10
       Tanggal 23 Juli dipengeti minangka Dina Anak Nasional. Dina anak nasional minangka dina pengetan kanggo nggrengsengake anggone aweh kawigaten tumrap anak sarta ngajeni/ngregani marang prestasi anak. Pengetan dina anak nasional uga diajab kanggo menehi pengayoman anak-anak saka kekerasan lan kahanan kang mbebayani, ngurangi cacahe pekerja kang durung cukup umur, lan menehi kalodhangan kanthi gampang kanggo akses pendhidhikan anak saidhenging tlatah Indonesia.

7.  Kapan dina anak nasional dipengeti?
a.  23 Juni
b.  23 Juli

c.  21 Juni
d. 21 Juli
8.  Dina anak nasional minangka dina pengetan kanggo nggrengsengake anggone aweh kawigaten tumrap anak. Tembung nggresengake tegese …..
a. ngramekake
b.nikelake

c. ngundhakake
d. nandhingake
9.  Ancas mengeti dina anak nasional yaiku ................
a.   Njaga lan ngayomi saka kekerasan,   diskriminasi, lan eksploitasi
b.Menehi papan kanggo panguripan tumrap anak

c. Supaya anak Indonesia bisa urip rukun lan tentrem
d.    Menehi kamardikan tumrap anak
10.  Pengetan dina anak nasional dipun ajab menehi kalodhangan kanthi gampang kanggo akses pendhidhikan anak saidhenging tlatah Indonesia. Tembung tlatah tegese……..
a.  Negara
b.  Wilayah

c.  bangsa
d. pulo
11.  Sing disebut marka jalan yaiku …………
a. Garis putih utawa kuning sing menehi wates dalan pas ing tengah-tengah
b.  Garis putih utawa kuning ing sapinggiring dalan

c.  Garis ireng putih sing ana ing tengah dalan
d. Garis kuning putih sing ana ing sapinggiring utawa tengahing dalan
12.    Apa sing diarani zebra cross?
a.  Garis selang-seling ireng karo putih kang gunane kanggo papan wong sing arep nyabrang
b.Garis selang-seling ireng kuning kang malang ing dalan, gunane kanggo papan wong sing arep nyabrang

c.  Garis selang-seling ireng putih kang malang kanggo papan wong sing arep nyabrang
d. Garis selang-seling kuning, ireng, putih kang malang ing dalan kanggo papan wong sing arep nyabrang

13. Endi kang kalebu rambu-rambu pituduh menawa ana tikungan akeh?
a.                                   
    clip_image006              
       b.                                                               
 clip_image008

c.
 clip_image010
d.
    clip_image012
14.  Agroforestri yaiku salah sawijining sistem pengolahaning lemah kang bisa ditawakake kanggo ngawekani masalah kang ana amarga akibat anane alih fungsi saka lemah alas dadi lemah tetanen (pertanian) lan kanggo ngawekani masalah cumawise pangan.
       Andharan ing ngisor iki kasebut ing wacan kejaba ……….........................
a.  Agroforestri salah sawijining sistem pangolahing lemah.
b.  Agroforestri minangka pangolahing lemah saka lemah alas dadi lemah tetanen.

c.  Agroforestri kanggo ngawekani masalah cumawis pangan.
d. Agroforestri katindakake akibat anane alih fungsi saka lemah tetanen dadi lemah alas.
15.  Negari Indonesia kondhang minangka negari agraris. Para pendhudhukipun kathah ingkang nggadhai pakaryan tetanen. Taneman pangan ingkang dadosi andhalanipun inggih menika pantun (pari), minangka panganan pokok masyarakat Indonesia. Bab menika ugi dipuntindakaken dening para tani wonten ing wilayah kabupaten Sleman. Panganan pokok pendhudhuk Indonesia inggih menika …………….
a.  jagung
b.  beras

c.  sagu
d. tela
16.  Alat tetanen kang gunane kanggo ngrata lemah sawise diluku, yaiku …………..
a.  luku
b.  garu

c.  pacul
d. ani-ani
17.  Alat tetanen kang digunakake kanggo malik lemah lan ngrata lemah yaiku ...............
a. power tleser
b. traktor

c.  gilingan
d. mesin combine
18.  Ngolah lemah kang bakal digunakake kanggo nandur bibit pari, kanthi cara digaru lan diluku. Apa tujuane diluku?
a.  Dirata lemah sawise ditanduri supaya lemahe lembut.
b.  Diwalik lemahe supaya sukete padha mati.

c.  Dicabuti suket ing sakiwa tengene tanduran.
d. Dicabuti winihe pari amarga arep ditandur
19.  Saben geguritan mesthi ana …………
a.  judul/irah-irahan
b.  lagu

c.  cengkoke
d. wiramane
20.  Kepiye carane gawe geguritan?
a.  Anggone gawe kaiket aturan
b.  Nganggo tembung-tembung sing mentes

c.  Nganggo guru lagu
d. Nganggo guru wilangan
21.  Alas gung liwang liwung kae
 Katon mulak-mulak tanpa wates
  Nanging
  Kabeh katon padha prihatin
  Padha ngrerintih
  Nangis
  .........................................
  Pethikan Geguritan ing ndhuwur ngandharake ........
a.  Kahanane sawah sing mrihatinake
b.  Kahanane lemah sing mrihatinake

c.  Kahanane alas sing mrihatinake
d. Kahanane donya sing mrihatinake
22.  Ukara ing ngisor kanthi pola Jejer-Wasesa yaiku ….
a.  Adhiku lan kancane sinau
b.  Bapak mirsani kethoprak

c.  Pak guru nimbali aku sakanca
d. Ibu nyaponi latar


23.  Bocah-bacah kelas pitu padha piknik. Pola ukarane yaiku  …….
a.  J-W
b.  J-W-L

c.  J-W-K
d. J-W-L-K
24.  Pak Tani lagi nandur pari lan palawija. Pola ukarane yaiku ………..
a. Pak tani lagi nandur pari lan palawija
      J         W                    L
b.      Pak tani lagi nandur pari lan palawija
       J               W                    L

c. Pak tani lagi nandur pari lan palawija
       J                W                         L
d.      Pak tani lagi nandur pari lan palawija
       J                         W
25.  Bu Siti sing ngasta ing SMP Sewon kae nitih motor. Wasesa ing ukara kasebut yaiku ……..
a.  ngasta
b.  nitih motor

c.  nitih
d. Bu Siti
26.  Apa sing diarani wong kang nglampahi sesorah?
a.       Panitiya                                              c. Pranata laksana
b.      Medhar sabda                                                d. Pamedhar sabda
27.  Langkung rumiyin, sumangga kita sedaya ngonjukaken puja-puji syukur ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung, awit kita Bangsa Indonesia sampun kaluberan saha sih nugrahanipun, katitik kita sedaya saged mangayubagya pahargyan pengetan Kamardikan kita ingkang kaping 65 tanggal 17 Agustus 2013.
Ukara ing ndhuwur kasebut minangka ukara kanggo ….
a.       Purwaka                                             c. panutup
b.      Isi                                                       d. pangajeng-ajeng
28.  Ing pungkasaing atur, sugeng lomba, sugeng mbangun bangsa lan nagari kita.
Ukara ing ndhuwur kasebut minangka ukara kanggo ….
a.       Purwaka                                             c. panutup
b.      Isi                                                       d. pangajeng-ajeng
29.  Ing ngisor iki urutaning sesorah kang bener, yaiku ….
a.       Isi, wigatining wacana, salam pambuka, purwaka, pangajeng-ajeng, wusana.
b.      Wusana, isi, wigatining wacana, pangajeng-ajeng, salam pambuka, purwaka
c.       Salam pambuka, isi, purwaka, pangajeng-ajeng, wigatining wacana, wusana
d.      Salam pambuka, purwaka, isi, wigatining wacana, pangajeng-ajeng, wasana
30.  Tujuane sesorah/pedhato iku kaperang dadi papat, kejaba ….
a.       Kanggo panglipur                              c. kanggo menehi kawruh
b.      Kanggo tukar kawruh                                    d. kanggo menehi pengaruh
31.  Gunane ragam resmi ing sajroning basa kang digunakake pamedhar sabda yaiku ….
a.       Kanggo ngakali wong kang ngrungokake
b.      Kanggo pakurmatan marang wong kang ngrungokake
c.       Kanggo pamer marang wong kang ngrungokake
d.      Kanggo ngilangi rasa dheg-dhegan nalika medhar sabda
32.  Salah sijine teknik sesorah yaiku ....
a.       Teknik panutup                                  c. Teknik ekstemporan
b.      Teknik pambuka                                 d. Teknik pangajeng-ajeng
33.  Kang dimaksud teknik serta merta yaiku ….
a.       Maca sesorah kanthi apalan
b.      Maca sesorah kanthi dadakan
c.       Maca sesorah kanthi gawa teks
d.      Maca sesorah kanthi swara kang banter
34.  Sing sesorah nggawa cathetan cilik kanggo ngeling-eling apa sing diandharake, supaya bab sing penting ora kelimput/kliwatan. Teknik sesorah iku diarani …
a.       Impromptu
b.      Ekstemporan
c.       Apalan
d.      Naskah


35.  Sesorah tanpa persiapan lumrahe ditindakake wong sing kulina medharsabda, yaiku …
a.       Teknik impromptu
b.      Teknik ekstemporan
c.       Teknik apalan
d.      Teknik naskah

36.  Tertib lalulintas kanggo awake dhewe.
        Menawa ditulis nganggo aksara Jawa sing bener yaiku .........
a.       ?te/tibLlulinTsK=[goawkede[w.
a.     ?[t/tibLlulinTsK=[goawkedewe.

b.   ?te/tibLlulinTsK=[goaw[k[d [w.
c.  ?tetibLlulinTsK=[goaw[k[d [w.
37.  jgu[zwisPdtuwk[bh.
         Tulisan Jawa iku unine …………
a.  Jagunge wis padha tuwa kabeh.
b.  Jagunge wis rada tuwa kabeh

c.  Jagunge durung tuwa kabeh
d. Jagone wis padha tuwa kabeh
38.  Para tani arep matun ing sawah. Yen ditulis Jawa yaiku …………..
a.  ?prtnia[rmMtunHi=swh.
b.  ?prtnia[rpmtunai=swh.

c.  ?prtniarepmtunHi=swh.
d.  ?prtniaxpMtunai=swh.
39.  Panca usaha tani. Tulisan aksara Jawane yaiku …………
a.  ?pnCausatni.
b.  ?pnCausltni.

c.  ?pnCausa[ntni.
d.  ?pnCausatni[n.
40.  Nanging asile durung maremake. Menawa ditulis nganggo aksara Jawa sing bener yaiku …………..
a.  ?nzi=aileduru=mrem[k.
b.  ?nzi=asi[lfuru=mrem[k.
a.                      
c.  ?nzi=asilefuru=m[rm[k.
d.  ?nzi=asi[lduru=mxm[k.

B.     Isinen ceceg-ceceg ing ngisor iki!
41.  Guru : Jenengmu sapa?
      Murid: ........................... Wangsulan murid kang bener nganggo basa krama yaiku.....
42.  Inggih Pak, kula mangke mandhap lapangan kecamatan. Tembung mandhap tegese .........
43.  Sing disebut marka jalan yaiku …………
44.  Alat tetanen kang gunane kanggo ngrata lemah sawise diluku, yaiku …………..
45.  Negari Indonesia kondhang minangka negari agraris. Para pendhudhukipun kathah ingkang nggadhai pakaryan tetanen. Taneman pangan ingkang dadosi andhalanipun inggih menika pantun (pari), minangka panganan pokok masyarakat Indonesia. Bab menika ugi dipuntindakaken dening para tani wonten ing wilayah kabupaten Sleman. Panganan pokok pendhudhuk Indonesia inggih menika ……………
46.  Salam marang para tamu minangka tandha sapa aruh lan pakurmatan ing sesorah diarani perangan …
47.   “Bokmenawi anggen kula matur saha ngaturaken adicara wonten kalepatan kula nyuwun pangaksama.…”  Ukara iku minangka tandha menawa MC …
48.   “Sumangga, kula dherekaken muji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring kanugrahan saengga ing wanci menika kita sedaya saged makempal ing papan ngriki… lsp.” Iku ukarane pranata adicara sing diarani …
49.  Sing sesorah nggawa cathetan cilik kanggo ngeling-eling apa sing diandharake, supaya bab sing penting ora kelimput/kliwatan. Teknik sesorah iku diarani …
50.  Sesorah tanpa persiapan lumrahe ditindakake wong sing kulina medharsabda, yaiku …

C.    Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi pener!
51.  Gawea ukara nganggo jejer-wasesa-lesan!
52.  Sebutna 2 alat tetanen modern lan gunane!
53.  Apa kang diarani sesorah iku? Terangna!
54.  Kados pundi yen satunggaling acara boten wonten pranata adicaranipun?
55.  Tulisen Nganggo Aksara Latin
flanHms=ajiapikTenn\