- Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d, kang koanggep paling bener!
Wacanen kanthi patitis!
Wedang Jahe
Wayah
wengi utawa mbeneri hawa adhem ngombe wedang jahe kuwi mathuk banget. Amarga
jae bisa njalari awak dadi anget. Jae kalebu bangsane empon-empon. Diarani
empon-empon amarga tanduran kaya dene jae kuwi duwe empu (babon). Tanduran
empon-empon racake kena kanggo jamu, kayata; kunir, temulawak, laos, temu
giring, kencur lan sapanuggalane.
Jae
paedahe tumrap kasarasan akeh baget. Jae kena kanggo ngangetake awak utawa
kanggo ngetokake angin, kanggo boreh, nglancarake ilining getih, ngatasi
migrain utawa sirah mumet separo, lan kena kanggo ngendhakake radhang sendi lan
nyeri otot. Kejaba kuwi, jae uga kena kanggo bumbu pawon.
Gawe
wedang jae kuwi gampang. Jae saempu utawa rong empu diklocop banjur diremuk
utawa diiris dilebokake ceret lan digeneni nganti umob. Sawise umob dientas lan
dicemplungi gula jawa sacukupe. Yen olehe gawe mung sithik, cukup jae saenthik
dibakar, diklocop, banjur diremuk, dicemplungake gelas, diwenehi jarang panas
lan gula sacukupe. Nanging saiki luwih gampang amarga wis akeh jae instan.
Gawe
jae instan ora mbutuhake wragat gedhe. bahan bakune mung cukup jae setengah
kilogram, gula pasir 2 kilogram, uyah setengah sendhok makan, lan banyu 4
gelas. Dene pirantine yaiku: wajan, parut, saringan utawa kalo, baskom, sendhok
kayu, peso lan kompor.
Carane
gawe jae instan, sepisan jae diklocop utawa dionceki. Supaya gampang anggone
nglocop, jae dikum luwih dhisik kurang luwih 2 jam. Kaping loro, jae sing wis
diklocop utawa dionceki banjur diparut lan diperesi ing kalo, ampase dibuwang.
Kaping telu, banyu peresan dicampur gula lan uyah, digeneni ing wajan kanthi
geni cilik, lan terus-terusan diudhak nganggo sendhok kayu, sarta ditunggu
nganti bisa mringkil. Jae sing wis mringkil-mringkil mau, dialusake banjur
diayak.
1.
Apa irah-irahan wacan ing dhuwur?
- Empon-empon
- Wedang uwuh
- Wedang jae
- Jahe instan
2.
Genea jae kalebu empon-empon?
- Amarga jae gawe awak sehat
- Amarga jae kuwi bisa digawe instan
- Amarga tanduran kaya dene jae kuwi duwe empu (babon)
- Amarga jae kudu dionceki dhisik
3.
Gawe jae instan, jae kudu dikum
luwih dhisik pirang jam?
- 2
- 3
- 4
- 5
4.
Apa manfaate jae? Kajaba…
- kanggo ngangetake awak utawa kanggo ngetokake angin,
- Kanggo boreh, nglancarake ilining getih,
- Ngatasi migrain utawa sirah mumet separo
- Kanggo obat lara untu.
5.
Piranti
apa wae sing dibutuhake kanggo gawe wedang jae? Kajaba..
- wajan, parut, saringan utawa kalo,
- baskom, sendhok kayu,
- peso lan kompor.
- Blender
6.
Banjir bisa dumadi saka ketledorane
manungsa dewe. Salah sawijining ketledoran sing bisa njalari banjir yaiku………..
- Reboisasi
- Mbangun wadhuk
- Mbangun perumahan ana ing endi-endi
- Gawe ilen-ilenan
7.
Pak Farad dereng…………saking
sekolahan.
- Bali
- Kundur
- Mantuk
- Wangsul
8.
Pak kula badhe…………………………, asmanipun
bapak menika sinten?
- Takon
- Tanglet
- Mundhut pirsa
- Nyuwun pirsa
9.
Kalih welas ditambah tiga welas yaiku……..
- Kalih dasa
- Selangkung
- Tiga likur
- kalih likur
10. Tigang dasa dijupuk sewelas yaiku………..
- Sedasa
- Gangsal welas
- Tiga welas
- sangalas
11. Sesok esuk
aku meh lunga nang omahe pakdhe.
Ukara kuwi yen dikramake yaiku….
- Benjang esuk kula badhe kesah wonten dalemipun pakdhe
- Benjang enjing kula badhe kesah wonten dalemipun pakde
- Benjang enjing kula badhe tindakan wonten dalemipun pakdhe
- Benjang enjing kula meh lunga wonten omahipun pakdhe.
12. Omah, pekarangan, sawah, pategalan padha kelem. Tembung omah dasanamane antarane yaiku…..
- Baskara
- Kartika
- Wisma
- Tirta
13. Baskarane wes mletehek, ayo pada enggal adus! Tembung baskara dasanamane( Sinonim) yaiku…
- Srengenge
- Lintang
- Banyu
- Sardula
14. tritukuujfh diwaca yaiku……….
a.
Tari tuku beras
b.
Tari tuku jadah
c.
Suci tuku uyah
d.
Nari tuku jadah
15. Alas bisa kanggo tandhon banyu utawa tuk. Tuk yaiku…..
- Miline banyu saka gunung
- Tandhon banyu saka gunung
- Sumber banyu ing sajroning lemah
Wacanen
kanthi patitis!
Bebuden
Bebuden
luhur iku dudu pangkat
Dudu
ngelmu lan dudu kapinteran
Kang
diarani bebuden luhur iku sucining ati
Manungsa urip iku kudu juur lan prasaja
Gotong
royong iku sanguine urip bebrayan
Tumandang
bareng supaya cepet rampung
Dadi
wong kuwi ora kena umuk lan gumedhe
Srawung
kudu grapyak sumanak lan lembah manah
Tindak-tanduke
kudu sing jujur, sopan lan ngajeni
Karo
wong tuwa kudu basa krama sing apik
Manawa
ana wong lungguh aja ngadeg nganyur ana cedhake
Kurmat
marang guru, tresna karo para kanca
Ngajeni
marang wong liya kuwi bakal ngundhuh kabecikan
Urip
lan srawung iku kudu rumake, sopan lan rukun
B. Rampungna ukara ing ngisor iki kaya wacan ing dhuwur! (selesaikan kalimat dibawah ini seperti
bacaan diatas)
1. Kang
aran bebuden luhur iku…………………
2. Manungsa
urip iku kudu seneneng………….
3. Gotong
royomg iku sangune………….
4. Tumandang
bareng supaya cepet…………….
5. Dadi
wong kuwi ora kena umuk lan……………..
6. Tindak
tanduke kudu sing jujur, sopan lan………………….
7. Karo
wong tuwa kudu basa………….
8. Menawa
ana wong lungguh aja………………..
9. Kurmat
marang guru, tresna karo para…………….
10. Ngajeni
marang wong liya kuwi bakal ngundhuh………………..
Raden
Gathutkaca
Raden Gathutkaca nalika isih cilik jenenge Raden
Tetuka.
Bapake asma Raden Werkudara
Ibune asma Dewi Arimbi
Raden Tetuka disilih Bathara NArada
digawa menyang Kayangan
Kayangan diserang patih Sekipu saka
Trebelasuket
Patih Sekipu diutusPrabu Kala Pracona
nglamar Bathari Supraba
Raden Tetuka diedu karo Patih
Sekipu
Anehe, senajan isih bayi Raden Tetuka
ora kalah
Raden Tetuka malah saya ampuh
Patih Sekipu mati dicokot dening Raden
Tetuka
Para Dewa seneng banget
Raden Tetuka diparingi pusaka wujud
caping, klambi lan terompah.
Wiwit iku jenenge diganti dadi Raden
Gathutkaca
Gathutkaca nduweni “otot kawat, balung
wesi, kulit tembaga”.
C. Wangsulana
pitakon-pitakon iki!
1.
Raden Gathutkaca iku putrane sapa karo sapa?
2.
Sapa asmane Raden Gathutkaca nalika isih
bayi?
3.
Nalika isih bayi Raden Gathutkaca
disilih sapa?
4.
Raden Gathutkaca disilih menyang
kayangan didhawuhi apa?
5.
Pusaka apa kang diwenehake marang Raden
Gathutkaca?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar